Intan BT Marsudi (NPM.
12141359)
Haris Eko Saputro (NPM.
12141368)
Evi Nur Fitriani (NPM.12141381)
A. PURWAKA
Masyarakat jawa ning era modern sak
iki soyo terpengaruh karo Basa Indonesia. Nyatane masyarakat kerep gunakake
Basa Jawa campur Bahasa Indonesia, sahingga basane dadi campur. Sak liyane iku,
masalah sing ora kalah penting yaiku babagan panulisan ing Basa Jawa,
masyarakat wis terpengaruh karo panulisan Basa Indonesia. Sejatine, kaya sing awake
dhewe ngerteni yen Basa Jawa ndhuweni fonem-fonem sing ora dindhuweni karo basa
liyane. Iki ndadekake perhatiane awake dhewe yen fonem-fonem Basa Jawa iku
perlu awake dhewe analisis maneh, sahingga masyarakat dadi paham karo kekayaan
fonem Basa Jawa.
Kurange pengetahuan babagan
fonem-fonem sing dindhuweni Basa Jawa, ndadekake masyarakat ora peka karo
panulisan basa jawa. Wong-wong seneng nulis tembong podho karo opo sing dirungokake.
Sejatine, neng Basa Jawa ana fonem sing panulisane ora podho karo pangucapane. Hal
iki kedadean mergo enek pengaruh saka
panulisan Basa Indonesia. Masyarakat nganggep yen panulisan basa Jawa podho karo
panulisan basa Indonesia. Anggapane masyarakat iku kliru mergo panulisan Basa
Jawa iku beda karo Basa Indonesia. Mulo saka iku, ning artikel iki arep mbahas
panulisan basa jawa sing apik lan becik, sing cocok karo kaidah.
B. ANDHARAN
1. Penggamblangan
Fonologi
Fonologi yaiku ilmu sing nyinauni babagan swara basa. Swara
sing dibahas ning fonologi yaiku swara sing diasilake saka alat ucap menungso,
sing fungsine kanggo mbedakake makna utowo sing ora nduwe fungsi kanggo mbedakake
makna. Fonologi ana 2 cabang ilmu, yaiku :
a. Fonetik : Ngelmu babagan swara basa sing ora mbedakake
makna. Contone : bapak, angin, klambi, sapi, lsp. Fonetik dibagi dadi 3 :
1). Akustik : ngelmu sing nyinauni babagan gelombang swara
lan kepriye gelombang swara iku dirungokake menungso lan biasane sesambungan ilmu
fisika lan sifat swara miturut fisika.
2). Audiotorik : ngelmu sing nyinauni babagan swara bisa ditampa
utowo dirungokake marang menungso lan diolah ning saknjerone otak.
3). Artikulatoris : ngelmu sing nyinauni babagan
perrangane awak sing digunakake kanggo ngasilake swara basa. Lan kepriye swara
diasilake saka alat ucap manungso.
b. Fonemik : Ngelmu babagan swara basa sing mbedakake
makna. Contone : loro (2), lara (sakit).
2. Fonem Basa
Jawa
Fonem yaiku swara basa sing mandiri sing bisa
mbedakake makna. Fonem dibagi dadi 2 werna, yaiku :
a. Fonem Segmental
Ning basa Jawa dialek Rembang ana 29 werna fonem
segmental sing cacahe 21 werno konsonan lan 8 werno vokal.
1). Fonem Konsonan
a) Bagan Fonem Konsonan
Fonem
segmental sing kalebu jenis konsonan ing basa jawa bisa dipetakne kaya ing njero
bentuk bagan 1 neng ngisor iki.
BAGAN 1
FONEM KONSONAN
Cara artikulasi
|
Titik
artikulasi
|
Labial
|
Dental
|
Alveolar
|
Palatal
|
Velar
|
Glotal
|
Hambat
|
ts
|
p
|
T
|
Th
|
C
|
k
|
q
|
bs
|
b
|
D
|
Dh
|
J
|
g
|
|
|
Geser
|
ts
|
|
|
s
|
|
|
h
|
Nasal
|
bs
|
m
|
|
n
|
Ny
|
ng
|
|
Lateral
|
bs
|
|
|
l
|
|
|
|
Getar
|
bs
|
|
|
r
|
|
|
|
Semi vokal
|
bs
|
w
|
|
|
Y
|
|
|
Keterangan:
ts = tansuara bs = bersuara
Mulo
saka iku alesan praktis, simbol /th,dh,q,ny,ng/ digunakno kanggo ganti
/t,d,?,ñ, ŋ/ ning IPA (Internasional
Phonetics Associantion).
b) Penggamblangan Fonem Konsonan
Ing basa jawa dialek rembang ana 21 konsonan yaiku:
(1). Cara artikulasi naliko masing-masing konsonan iku ngasilno,
yaiku sing kasebut artikulasi hambat,
geser, nasal, lateral, getar, utowo
semi vokal.
(2). Titik artikulasi nalika masing-masing konsonan iku
diasilake, yaiku artikulasi labial, dental, alveolar, palatal, veral, utowo
glotal.
(3). Panggonan selaput swara naliko masing-masing konsonan
iku dihasilake, yaiku ing keadaan kedher, ing kasebut nyuara utowo ing keadaan
ora kedher sing kasebut posisi tansuara.
Mula iku.
Masing-masing konsonan ing boso jowo dialek rembang bisa digamblang ing ngisor
iki:
/p/ : konsonan hambat –labial
tansuara,
/b/ : konsonan hambat –labial
bersuara,
/t/ : konsonan hambat –dental
tansuara,
/d/ : konsonan hambat –dental
bersuara,
/th/ :
konsonan hambat –alveolar tansuara,
/dh/ : konsonan hambat –alveolar
bersuara,
/c/ : konsonan hambat –palatal
tansuara,
/j/ : konsonan hambat –palatal
bersuara,
/k/ : konsonan hambat –veral
tansuara,
/g/ : konsonan hambat –veral
bersuara,
/q/ : konsonan geser –glotal
tansuara,
/s/ : konsonan geser –alveolar
tansuara,
/h/ : konsonan geser –glotal
tansuara,
/m/ : konsonan nasal –labial
bersuara,
/n/ : konsonan nasal –alveolar
bersuara,
/ny/ : konsonan nasal –palatal
bersuara,
/ng/ :
konsonan nasal –velar bersuara,
/l/ : konsonan lateral –alveolar
bersuara,
/r/ : konsonan getar –alveolar
bersuara,
/w/ : konsonan semi vokal –labial
bersuara,
/y/ : konsonan semi vokal
–palatal bersuara,
c) Kontras Fonem Konsonan
Kanggo ndudohake yen masing-masing fonem konsonan ing
basa jawa dialek rembang nduweni kedudukan distingtif, perhatekno conto ning
ingsor iki.
/p/ [OpO] “apa”
/b/ [ObO] “aba”
/t/ [titéq] “titik”
/th/ [thithéq] “sedikit”
/t/ [tutu] “tumbuk”
/d/ [dudu] “bukan””
/dh/ [dhédhé] “berjemur”
/th/ [uthek] “ribut sendiri”
/dh/ [udhek] “aduk”
/c/ [caréq] “carik, sekretaris kelurahan”
/j/ [jaré] “kain”
/k/ [karak] “nasi kering yang digoreng”
/g/ [garéng] “sakit”
/k/ [keréng] “(batuk) asma”
/q/ [araq] “arak”
/q/ [salaq] “salak”
/h/ [salah] “salah”
/m/ [miru] “membuat lipatan pada kain”
/n/ [niru] “meniru”
/n/ [nOwO] “menangkap degan getah beracun”
/ny/ [nyOwO] “nyawa”
/ny/ [nyawang] “memandang”
/ng/ [ngawang] “(pikiran) tidak menentu”
/l/ [kali] “sungai”
/r/ [kari] “terlambat”
/w/ [awu] “abu”
/y/ [ayu] “cantik”
d)
Distribusi
Fonem Konsonan
Sing dimaksud karo distribusi fonem konsonan yaiku
kemungkinan ana fonem kosonan ing awal, tengah, utowo mburi ukoro. Perhatekna
bagan 2 ning ngisor iki.
Konso-nan
|
Posisi
|
|||||
Awal
|
Tengah
|
Akhir
|
||||
/p/
|
/pélém/
|
Mangga
|
/kapér/
|
Kafir
|
/kakap/
|
Kakap
|
/b/
|
/bocah/
|
Anak
|
/obat/
|
Obat
|
|
|
/t/
|
/takOn/
|
Bertanya
|
/ngerti/
|
Mengerti
|
/abOt/
|
Berat
|
/d/
|
/dudu/
|
Bukan
|
/ngadek/
|
Berdiri
|
|
|
/th/
|
/thukOl/
|
Tumbuh
|
/kathOk/
|
Celana
|
|
|
/dh/
|
/dhadhu/
|
Dadu
|
/dhédhé/
|
Berjemur
|
|
|
/k/
|
/késél/
|
Lelah
|
/wéktu/
|
Waktu
|
/cOcOk/
|
Cocok
|
/g/
|
/gélot/
|
Berkelahi
|
/gagang/
|
Tangkai
|
|
|
/q/
|
|
|
/kOdOqe/
|
Kataknya
|
/ciléq/
|
Kecil
|
/s/
|
/ségo/
|
Nasi
|
/késél/
|
Lelah
|
/kérés/
|
keris
|
/h/
|
/hi/
|
Kata seru
|
/tahu/
|
(Makanan)
tahu
|
/rusOh/
|
Rusuh
|
/m/
|
/manaq/
|
Melahirkan
|
/lémah/
|
Tanah
|
/pélém/
|
Mangga
|
/n/
|
/niru/
|
Meniru
|
/kéndho/
|
Longgar
|
/tangan/
|
Tangan
|
/ny/
|
/nyambi/
|
Sambil
|
/anyar/
|
Baru
|
|
|
/ng/
|
/ngOmOng/
|
Bicara
|
/angét/
|
Hangat
|
/OmpOng/
|
(gigi) tanggal
|
/l/
|
/lulang/
|
Kulit
binatang
|
/alot/
|
Liat
|
/angEl/
|
Sukar
|
/r/
|
/régo/
|
Harga
|
/sarOng/
|
Sarung
|
/kabar/
|
kabar
|
/w/
|
/wési/
|
Besi
|
/sawah/
|
Sawah
|
|
|
/y/
|
|
Kalau
|
/yuyu/
|
Ketam
|
|
|
2). Fonem Vokal
a) Penggamblangan Fonem Vokal
Vokal yaiku swara sing
dihasilake saka howo sing ditokake saka paru-paru saka lambe tanpa enek
hambatan. Fonem vokal
dibedakake dadi 3 werna, yaiku:
(1). Posisi Ilat
(a). Vokal kebukak, nek ilat ana
ning posisi ngisor. Contone swara [a].
(b). Vokal madya, nek ilat ana
ning posisi tengah. Contone bunyi [e],[ɛ],[ə],[ɔ], karo [o].
(c). Vokal duwur, nek ilat ana
ning posisi duwur. Contone uni [i],[u]
(2). Bentuk Lambe
(a). Vokal bunder, yaiku nek bentuk lambe bunder. Contone
vokal [u], karo [o].
(b). Vokal netral, yaiku nek
bentuk lambe ora bunder. Contone yaiku vokal [i, e, E, é, a, O].
(3). Tingkat Mangape Lambe
Jare Daniel Jones, ana 8 vokal kardinal, sing
diartikulasikna karo ilat lan lambe ning
posisi tetep, yaiku 4 vokal ngarep lan 4 vokal mburi. 8 vokal itu yaiku
[i], [e], [ɛ], [a], [ɑ], [ɔ], [o], dan
[u]. Nek nang fonem basa jawa, vokal basa jawa ono 7 vokal, yaiku [i], [e], [ə], [a], [ɔ], [u], dan [o]. Jare
Uhlenback, uni [ɔ] yaiku alofon fonem [a].
Tabel Vokal Bahasa Jawa
Ngrep ora bunder
|
Tengah ora bunder
|
mburi Bunder
|
Posisi ilat karo lambe
|
||
Duwur
|
Kuat
Lemah
|
I
I
|
U
ʊ
|
ketutup
ora tek
ketutup
rodok
mengo
mengo
|
|
Sedengan
|
Kuat
Lemah
|
E
ɛ
|
ə
|
O
ͻ
|
|
Ngisor
|
Kuat
Lemah
|
a
|
Fonem vokal
basa jawa iso digamblangne kaya ngene:
(1). /i/ yaiku vokal ketutup duwur-kuat ngarep-ora bunder sing
dihasilna karo posisi ilat bagian ngarep meh ndemok langit-langit karo rong
lambe rodok mengo ning samping.
(2). /e/ yaiku vokal rodok ketutup sedengan kuat ngarep-ora
bunder sing dihasilna karo godong ilat diunggahne lan dibarengi bentuk lambe
sing netral artine ora mengo lan ora mbunder.
(3). /ə/ yaiku vokal sedengan-tengah ora bunder utowo vokal
tengah endek setengah ketutup sing diasilna karo ngungnggahne bagian tengah
ilat karo bentuk lambe netral.
(4). /a/ yaiku vokal kebukak ngisor-lemah tengah-ora bunder utowo
vokal tengah endek setengah kebukak sing diasilna karo lambe netral.
(5). /ͻ/ yaiku vokal rodok kebukak sedengan-lemah mburi-bunder
utowo mburi endek kebukak sing dihasilna karo bentuk lambe kurang bunder utowo
ora bunder.
(6). /o/ yaiku vokal rodok ketutup sedangan-kuat mburi-bunder
sing dihasilno karo bentuk lambe bunder.
(7). /u/ yaiku vokal ketutup mburi-bunder duwur-kuat sing dihasilno
karo ninggalake bagian mburi ilat karo posisi keloro lambe rodok maju nang
ngarep lan rodok mbunder.
b) Werno Fonem Vokal
(1). Vokal /i/, ana 2 alofon :
(a). i (i jejeg)
Swara [i] iso ngelungguhi awal, tengah, lan akhir tembung, banjur oleh
panambang a, i, e, an, anipun, utawa en. Contone:
ijab
mrica
tari
mancinga (i jejeg)
mancingi (i jejeg)
pancingen (i jejeg)
pancingan (i jejeg)
pancinganipun ( i jejeg).
(b). I [I miring]
Manggon ning kata sing diakhiri konsonan. Contone, cacing (cacIng), wajik (wajIk), mancing (mancIng), becik (becIk), keris
(kerIs), murid (murId)
(2). Vokal /e/, Vokal ana 2
alofon, yaiku:
(a). /e/ (e swara jejeg/ e
taling) ngelungguhi kabeh posisi awal, tengah, lan akhir. Contone, eman ‘sayang’, sela ‘batu’dan gule’gulai’.
(b). /ɛ/ (e swara miring) manggon
ning awal lan tengah-tengahe tembung. contone estu’dadi’, saren ’marus’
lan gepeng ’gapeng’.
(3). Vokal ə, Vokal /ə/ ning
njero basa Jawa dudu alofon fonem /e/ nanging fonem dewe mergo keloro swara iku
ning basa Jawa bisa membedakake makna. Contone:
Kere [ kéré] = miskin Kere
[kəre] = tirai bamboo
Geger [gEgEr]= huru hara geger
[ gəgər]= punggung
(4). Vokal /a/, Manggon ning
ngarep, tengah dan akhir. Contone
Aku laris
ora
(5). Vokal /O/, dudu alofon saka
/o/, nanging vokal sing ngadek dhewe. Manggon neng awal, tengah, lan akhir
ukoro. contone :
Amba rata ula
(6). Vokal /o/, manggon ning wekasan,
tengah, lan sak mburine tembung. Contohe:
Obah coba kebo
(7).
Vokal /u/, nduwe 2 alofon, yaiku u
(swara jejeg) sing manggon ning wekasan, tengah, lan sak mburine tembung. Contone
: Urip, wuta, madu. U swara miring, Manggon
ning tengah ukara. Contone : Biyung,
parut, pupur
sabun ( u miring)
nyabuni (u jejeg)
sabunan (u jejeg)
sabunan (u jejeg)
sabunane ( u jejeg)
sabunanipun (u jejeg)
sabunen (u jejeg)
sinabunan ( u jejeg)
(8).
Fonem Vokal
|
Alofon
|
|||
Awal
|
Tengah
|
Akhir
|
||
/i/
|
[i]
|
[iki]
|
[gilɔ]
|
[pari]
|
[I]
|
-
|
[jaIl]
|
-
|
|
/e/
|
[e]
|
[enaʔ]
|
[lele]
|
[sore]
|
[Ɛ]
|
[ƐlƐʔ]
|
[bƐbƐʔ]
|
-
|
|
/Ə/
|
[Ə]
|
[Əntup]
|
[antƏm]
|
-
|
/a/
|
[a]
|
[awaʔ]
|
[jaran]
|
[ora]
|
/ɔ/
|
[ɔ]
|
[ɔnɔ]
|
[ɔkɔl]
|
[lɔrɔ]
|
/o/
|
[o]
|
[ogaʔ]
|
[bocah]
|
[loro]
|
/u/
|
[u]
|
[urip]
|
[gulɔ]
|
[putu]
|
[ʊ]
|
-
|
[abʊh]
|
-
|
3. Persukuan
lan Gugus Konsonan
a.
Persukuan
Umume fonem vokal nentukake persukuan
ing basa jawa. Suku ukara sing sakitik saka vokal (V) lan paling okeh saka 3
konsonan, sak vokal, lan sak konsonan, (KKKVK). Tapi khusus konsonan /m/ bisa
mbentuk suku dhewe /m/ yaiku sak morfem sing berarti “mu”.
Persukuan ing basa jawa bisa
dirumusake kaya ing ngisor iki:
1).
V,
misale, /a/ ing ukara {akEh} “akeh”
2).
K,
misale, {m} ing ukara {klambimu} “klambimu”
3).
VK,
misale, {im} ing ukara {imbOh} “nambah”
4).
KV,
misale, {mu} ing ukara {mulEh} “mulih”
5).
KVK,
misale, {sél} ing ukara {késél}
“kesel”
6).
KKV,
misale, {ngrO} ing ukara {ngrOkOq} “ngrokok”
7).
KKVK,
misale, {mban} ing ukara {mbanteng} “mbanteng”
8).
KKKV,
misale, {ndlO} ing ukara {ndlOngOp} “mangap”
9).
KKKVK,
misale, {nggran} ing ukara {nggrantés} “sedih
banget”
b.
Gugus
Konsonan
Ing basa jawa sing dimaksud gugus
konsonan yaiku loro utowo telung konsonan sing jejer ing suku ukoro. Konsonan
/r/ iso mbentuk gugus konsonan bareng sak akehe konsonan, yaiku /p, b, t, d, k,
g, c, j, s, m, n, ny, ng, mb, ngg, nyj/. Contoh :
/p/ [prau]
[kaprah]
/br/ [saqbrayat]
[branjang]
/tr/ [trimO]
[yOtro]
/dr/ [nggandrOng]
[andri]
/kr/ [krikél]
/gr/ [grumbol]
[grabah]
/cr/ [critO]
/jr/ [ajréh]
[jreng]
/mr/ [srawong]
[mrambat]
/nr/ [nratas]
[nrambol]
/ngr/ [ngrutuki]
[ngrebot]
/mbr/ [amrindhili]
[ambresto]
/nggr/ [nggragas]
[nggraot]
/nyjr] [nyjranthal]
[nyjrangkong]
Konsonan
/l/ iso mbentuk kumpulan kosonan sak akehe konsonan, yaitu /p, b, t, l, c, j, k,
g, s, m, n, ny, ng, w, nd, mb, ngg/.
Contohe:
/pl/ [plintiren]
[planthOqen]
/bl/ [blaraq]
[bluloq]
/tl/ [ditlikong]
[tlampék]
/dl/ [didlOsOri]
[dluwang]
/cl/ [clingos]
[clingar-clingor]
/jl/ [jladrEn]
[jlankrOng]
/kl/ [klinitan]
[klilén]
/gl/ [glali]
[diglandhang]
/sl/ [slOkan]
[slOMprEt]
/ml/ [mliréq]
[mlinjo]
/nl/ [nlatEni]
[nlOngsO]
/nyl/ [nyliliti]
[nylarmor]
/ngl/ [nglakoni]
[ngliseq]
/wl/ [wlingi]
/ndl/ [ndlosor]
[ndlOdOr]
/mbl/ [mblader]
[mblasoq]
/nggl/ [nggladrah]
[ngglali]
Konsonan
/w/ iso mbentuk kumpulan konsonan bareng /s/, /k/, lan /j/
Contone:
/sw/ [swiwi]
[swanten]
/kw/ [kwalean]
[kwOwOngen]
/jw/ [jwawot]
Konsonan
/y/ iso mbentuk kumpulan konsonan bareng /p/, /b/, /t/, /k/, lan /m/.
Contone:
/py/ [ngOpyOq]
[ampyang]
/by/ [gemebyar]
[ambyor]
/ty/ [setyO]
/ky/ [kyai]
/my/ [kempyOng]
4. Alat
Panyinaon Fonologi Ning Sekolah Dasar
Lljhcbdjblwjbjvjdm
C.
DUDUTAN
Isi dari pembahasan (andharan)
D.
KAPUSTAKAAN
Tidak ada komentar:
Posting Komentar